Powered By Blogger

Rabu, 23 November 2016

Contoh cerita bahasa jawa

Nasibe Wong Bejo

            Wanci jam 4 esuk 31 Desember 2015, pas lagi penak-penake turu, ngerti-ngerti aku “mak gregah” tangi gara-gara ana swara uwong sing lagi jagongan neng ngarep kamarku. Dak rungokne jebul kuwi swarane mbak puput mbak ponakanku, aku banjur tangi metu kamar “Jane ki ana apa to? kok esuk-esuk uwis padha jagongan” Batinku. Jebule mbakku iki arep pamit dolan menyang Batam. Dadi critane mbak puput ibukke uwong Singapura nanging bapake Jawa, nanging sebagiyan keluargaku nyambut gawe lan manggon ing Batam. Aku lan uwong tuwaku mbiyen tau urip neng kana, jare ibukku aku neng kana sekitar umur 1 tekan 4 taun, dadi kira-kira sekitaran 12 taun kepungkur.  Mbakku mangkat kira-kira jam 12 awan mengko.
            Wanci mbakku arep pamit, kabeh kaget amerga ndadak. Bapakku uga kaget mergo ora ngomong ing adoh-adoh dina, nanging panggone kuwi ora mung itungan Kota apa Provinsi nanging pulau Jawa lan Sumatra. Gandeng wis banjur tuku tiket, bapakku banjur ngijinake dhewekke mangkat menyang Batam. Dak pikir-pikir “Lha iki kesempatanku hehehe”pikirku, aku pingin omong karo bapak, nanging mesti ora entuk “Piye ya” batinku. Sedilit wae aku wis nemu ide yaiku alesan prei dhawa. Banjur aku langsung omong karo bapak ngenani niatku iki, bapak langsung ngelarang aku, nah aku banjur ngetokke alesan sing uwis dak siapke mau “Pak, kula niki dak jane taksih prei sekolah kathah, mbok nggih kula diangsalne tindak dolan dhateng Batam” omongku. Bapak langsung muni-muni sedilit karo aku, nanging akhire bapak ngijinke aku mangkat. Aku banjur ngomong karo mbak puput njaluk tulung pesenke tiket kanggo aku. Wong jenenge bejo, jebule tiket mau mung turah sakursi,  ora suwe banjur dak tuku, alhamdulilah dina iki aku bejo tenan, bejo iki ora mung bejo biyasa.
            Aku banjur mlayu adus nyiap-nyiapke salin sing arep dak gawa. Aku entuk jatah mangkat jam 12 dadine isih ana wektu dinggo persiyapan. Sawise kabeh wis siyap, aku banjur nunggu bapakku sing arep ngeterke aku. Jam 10 tet aku banjur mangkat menyang Bandara Adi Soemarmo, diterke bapak. Sawise tekan aku banjur “check in”, kuwi basa gaul dinggo cek penumpang sadurunge mangkat utawa mlebu pesawat.
 Nalika jam 12 aku mabur menyang Batam,  iki pengalamanku kapisan numpak montor mabur sebutane wong jawa, nanging aku luwih seneng nyebut “pesawat”. Gandeng ketok wong ndesa sing rung berpengalaman numpak “pesawat”, dadi nalika neng nduwur langit aku nggumun, kaya bocah cilik ngana kae. “Hehehe, apik tenan iki” batinku.

Perjalananku sekitar 2 jam, dadi aku jam 2 wis tekan Batam. Nanging gandeng aku isih antri njupuk barang dadine aku lagi isoh metu saka Bandara jam 4. Lan aku isih antri dinggo “check out”, jare kuwi basa gaul dinggo ngecek penumpang sing metu pesawat.  Neng njaba Bandara aku isih nggumun, akeh tenan uwong saka pirang-pirang pulau sing manggon ing Pulau Batam, turis manca ora kalah akeh. Seneng tenan uripku isoh piknik adohe kaya ngene, padahal preinanku uwis arep entek, mung turah 4 dino. Nanging yen jenenge wong bejo, arep piye meneh. Aku mung isoh ngomong “Alhamdulilah” lan mung isoh ngucap matur suwun marang Allah SWT sing uwis maringi kanikmatan iki.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar